Lelakon jaman tansaya seser;
munyer kebak dahuru
kaya cleret taun nrajang wektu
bakal kalindhih menawa kapiluyu.

Jamane wis walik watu;
Pilih melu kareben dianggep maju?
Apa, kudu kukuh ngetrepi warisane leluhur?

Coba sawangen!
Bleger-e genah bocah Jawa;
nanging ora ngerti budaya Jawa
nanging ora weruh basa Jawa.

Wolak walike jaman ngowahi samubarang; ngowahi tatanan budaya
ngowahi babagan basa
Bocah Jawa rikuh marang budaya Jawa
Bocah Jawa isin marang basa Jawa

Apa bakal klakon?
Budaya Jawa dimemule dening gunung lan angin?
Basa Jawa dileluri kayu watu?

Ngertiya ya Ngger….
Budaya iku ngemu piwulang becik kanggo ngelus budi?
Basa jawa iku ngemu tata krama lan nggandheng rasa kanggo ngelus jiwa?

Elinga ya, Ngger…..
Budaya lan basa Jawa kuwi warisan saka leluhur kang adi luhung
Prayoga den uri-uri murih tetep lestari
prayoga den jaga kareben tetep ngrembaka

Ngger,
Wis jamak lumrah melu lumakune jaman.
Nanging….
Aja pisan-pisan koncatan budayamu,
Aja pisan-pisan lali marang basamu.

Wong jawa aja nganti ilang jawane

Ngrembakane budaya jawa lan basa jawa
ora amung gumantung sakecap tembung
ananging butuh wujud nyata arupa tumindhak kang kebak petung.

Koncatan basa ateges kelangan separo nyawa.
Koncatan budaya ateges koncatan nyawa.

KUN PRASTOWO – 2025

Comments to: NGETREPI JAMAN

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Attach images - Only PNG, JPG, JPEG and GIF are supported.

Login

Welcome to Typer

Brief and amiable onboarding is the first thing a new user sees in the theme.
Join Typer
Registration is closed.