Para kadang kangge nahargya Ari Pahlawan 10 Nopember punika kula damelaken Sekar Dhandhanggula 3 pada.
DHANDHANGGULA 10 NOPEMBER 2021
1, Para kadang mongga sa
Mi eling
Surabaya taun papat lima
Sepluh Nopember taune
Gorka NICA dha nyerbu
Arek Surabaya nyawiji
Sayuk saeka praya
Lelabuhanipun
Ambrastha angkara
Murka
Kang gawe susah rskyat
Akeh sing mati
Gawe urip ngrekasa.
2 Bung Tamo kang maju
Mandhegani
Semangate kang makan
Tar – kantar.
Maju trus perjuangane
Gawe miris pra mungsuh
Gorka NICA akeh singmati
Ana sajroning perang
Akeh korbanipun
Malaby mati ing perang
Gorka NICA nyerahe tanpa
Perjanji
Perang wus paripurna
- Bongsa kita sami makur
Mati
Semangate ArekSurabaya
Ngurbanke jiwa ragane
Amrih bongsa rahayu
Pamarintah netepi janji
Kanggo kusuma bongsa
Panetepanipun
Sepuluh Nolember dadya
Ari Pahlawan berkahing
Sang Hyang lYang Widi
Merdika kang utama. Lereng Merapi Boyolali
Slasa Wage 9 Nop 2021
Rinipta deninh
SOEWARSO
No Comments
Leave a comment Cancel