Paribasan, Bebasan lan saloka satemene uga kalebu ing golongane tembung entar, sebab telu-telune padha ora kena mung ditegesi ing sawantahe wae, kabeh padha mawasurasa kang ora mung salugune wae. Bedane paribasan, bebasan lan saloka karo tembung entar: paribasan, bebasan, lan saloka iku kabeh ajeg une-unene, nanging ng tembung entar unen-unene ora ajeg.
Paribasan : Yatna yuwana, lenakena. Ora kena diganti liyane, tembunge siji wae ora ana sing kena disalini tembung liya
Bebasan : Nyangoni kawula minggat. unen-unen iku uga kudu ajaeg kaya mangkono, ora kena diawahi mangkene, upamanene nyangoni batur miggat,ngangoni kawula lunga kuwi ora kena
Saloka : Kebo bule mati setra. ora kenatembunge sing mati disate, sapi abang mati njekangkan kabeh iku ora kena
Tembung Entar : Gedheatine. Tembunge salah siji kena diganti upamane: Cilikatine. Sanajan unen-unen cilik atine iku ora padha tegese karo gedhe atine. malah ateges kosok balen, nanging unen-unen, cilik atine uga isih diarani tembung entar balik paribasan, bebasan, lan saloka manawa ana tembunge sing diganti tembung liya, banjar wis ora aran paribasan, bebasan utawa saloka maneh tuladha tembung entar liyane.: Gedhe endhase, Gedhe Rezekine, Gedehe tekade. Landhep atine. Landep pangrasane. Landhep Pikirane.
- Paribasan
Paribasan :unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ora ngemu surasa pependhan tuladhane. Yatna yuwana lena kena. iku siji-sijine padha ora ngemu surasa pepindhan mungana tembung-tembung liya kang padha tegese karo tembung-tembung iku yaiku Yatna = Weweka, yitna, ngati-ati Yuwana = Basuki, Rahayu, Selamet Lena = Pepeka, ora ngati-ati Kena = Ketaman ling bebaya Paribasan iku uga kerep banget tinemu ana ing kasusatran tuladhane kayata: Tembang gambuh (Wulang reh P. B.V)- Wonten paneapanipun adiguna adigang adigung pan adigang kidang, adiung pan esthi, adiguna ula iku,telu pisan mati samyah
- siladang ambegipun ngedelaken kebat lompatipun, dan si gajah ngedelaken gung ainggil, si ula ngendelken iku mandine wisa yen nyakotunen-unen adigang, adigung, adiguna iku pangganggone ajeg kaya mangkono, lan ora padha ngemu surasa pepindhan. Mulane unen-unen iku kalebu ewone paribasan. Adigang = Ngedir-edirake kekuwatane, panguwasane, kadigdayane, Adigung = Ngedir-adirake kaluharane Adiguna = Ngedir-edirake kapinterane (ngemulne, kagurane, kaluwihane) Adigang, wataking kidang, ngendelake, cakating playune Adigung, wataking gajah, ngedelake gedhening awake Adiguna , wataking ula, ngendelake mandine wisane Mungguh paribasan iku cacahe akeh banget. Tuladhane antarane:
- Undhaking warta, sudaning kiriman, pawarta iku lumrahe mundhak saka nyatane, nanging kiriman lumrahe sudah utawa kalong
- Durung pecus keselak besus durung sembada, wis kepengin sing ora-ora. upamane durung pinter, wis kepingin omah-omah
- Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan wong liya, nanging yen nganti nandhang ora kepenah mesthi dibelahi
- Sedumuk bathak, sanyari bumi, pepadon prakara lemah lan wanita lumrahe dilabuhi nganti tumeka ing pati
- Kuncung nganti gelung, (Mulai masih kecil sampai menjadi dewasa)
- Obah ngarep, kobet buri (Kalau orang menjadi pemimpin mau bekerja keras , orang bawahannya tentu selalu mengikuti jejaknya)
- Kineban lawang tobat (tak cukup waktu, dalam tak bisa mendapat pengampunan dari Tuhan)
- Bebasan
Bebasan, unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemasarasa pepindhan kan dipepindhakake kaarane utawa sesipatane wong wonge uga katut ing sajrone pepindhan iku nanging kang luwih ditengenake kanane, tindak tanduke wong iku sebutake ana ing ngarep . bebasan, kerep kamatana ing kasusastraan orang mung kasusastran kang ikataning ukara ganeran wae, uga kang sinawung ing tembang tuladhane: Dhandhanggula Nadyan julig lakune wong maling nora wurung bakal kuwanguran yen wis bebak sundukahe temah camah tinemu saturune dipun cireni sinarang para rowang den dehi sadulur Marma poma aywa padha Laku juti wasanane neniwasi Kebak rubed rubeda (Nodmosoekotjo)
Unen-unen “wis kebak sundukane” diarani bebasan, isi pepindhan ing kaarane wong kang wis akeh banget kalu putane (kang wis konangan)
Bebasan iku cacahe akeh banget, prasasat tanpa wilangan tuladhane antarane
- Nabok nyilih tangan, Namakaeke panggawe ala sarana kongkonan
- sudak gunting tatu loro, Nindakake pagawean mung sawarna, kliru, wasanane agawe kapitunan luwih saka sawarna
- Beras watah arang mulih marang takerane, samubarang kang wis owah, arang-arang kang bisa palih becik kaya maune maneh
- Nutata layangan pedhot, Ngupaya balining barang remeh kang wis ilang, upama ketemua ora gatuk karo rekasane
- Nitipake daging saerep. (Perkataan orang tua menyerahkan.putrinya kepada pria yang memperistrinya)
- Nyunggi lumpang kentheng (Mendapatkan wanita darah aluhur/pejabat, yg bermaksud mencari perlindungan ,tapi tidak seimbang dengan beratnya tanggungan )
3. Saloka
saloka, unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan, sing dipeindhakake wonge. Mesthi wae wewatakane utama kaanane wonge ya melu kasebut, nangi sing luwih ditengenake wonge, Mulane tembang kang isi pepindhaning wong (Barang) dumungn ana ing ngarep.
Tuladha: Asa belang kalung wang
Asa, Pepindhane wong
Belang, Pepindhane asor , pidakpadarakan
Asa belang, Wong Asor
Kalung Wang, Maksude: keeeh dhuwit sugih dhuwit, sugih rajabrana
Asa Belang Kalung Wang = wang asor, nanging sugih
Saloka uga kerep tinemu ing kasusastran kang sinawung, ing tembang tuladhane,
Dhangdhanggula
Jamak Lumrah jaman demokrasi
keh lalakyan kang duk kuna-kuna
Arang-arang dadi luhur
Kang wus dhuwur dadi kawuri
wolak waliking jaman
Temen tinemu
Tunggak jarak padha mrajak
Tunggak Jati Padha Mati temah Dadi
Nampa Papan Kang papa (Padmosoekotjo)
Tunggak jarak pepindhane wong asor, rakyat jelata
Mrajak, pepindhane: anaturune sing dadi linuwih
Tunggak Jarak mrajak = Turune wong asor dadi linuwih
Tunggak Jati, Pepindhane :wong luhur
Mati, Pepindhane : cures, ilang, ora ana turune sing bisa dadi gedhe
Tunggak Jati mati : Turune bangsa luhur (wong gedhe) dadi asor pangkate
Saloka ika cacahe uga akeh banget, prasasat tanpa wilangan. Tuladhane antarane:
- Sumur Lamaku, tinimba, wong kang Kumudu-kudu dijaluki warah
- kemladheyan ngajak sempal, Sanak sadulur (mitra) kang ngajak marang karusakan
- Kebo nusu gudel. Wong tuwo njaluk warang marang wong kang keprenah nom
- Kutuk Marani Sunduk, Wong kang njarag marang kacilakan
- Gajah ngidak rapah (Orang yang melanggar aturannya sendiri ).
- Macan guguh.(Orang besar ,walaupun sudah tidak punya kekuasaan ,tetapi masih kelihatan menakutkan).
Kapustakaan
- Padmosoekotjo S, 1958. ngengrengan Kasusastraan Djawa I, Tiap-tjapan kaping sekawan, Hien Hoo sing, Yogyakarta
- Poerwadarminta W.J.S, 1939, Baoesastra Djawo. Kaetjap ing pangetjapan J.B. Wolters Vitgevers, Maatschappij. N.V. Groningen Batavia
- Pangalaman pangimpun ana sesrawungan masyarakat kat jawa sedri-ari
No Comments
Leave a comment Cancel